Loading
ads

Minggu, 03 Juli 2011

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA

PIDATO BAHASA JAWA
Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak Drs. Soenarso ingkang kula kurmati

Rencang rencang kelas XII IPS 1 ingkang kula tresnani

Sadherengipun sumangga kita sareng- sareng ngunjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha kuwaos, amargi rahmat kaliyan hidayah-Ipun kita saged makempal wonten kelas menika puniki kanti sehat wa’afiat mboten wonten alangan satunggal menapa.

Ing wekdal punika, kula ajeng pidato ingkang temanipun pengageman handphone. Handphone utawi HP wonten jaman menika sampun limrah amargi saking lare SD, SMP, kaliyan SMA sampun ngagem HP. Saking pegawai Negeri, pegawai swasta, sopir ngantos tiyang tengga warung gadhah HP, amargi reginipun sak niki sampun saged kajamah dhateng tiyang-tiyang kala wau. Regininipun werni-werni, saking ingkang termurah Rp. 50.000,00 ngantos terlarang luwih saka Rp. 2.000.000,00. HP menika awrat sanget kaliyan kathah manfaatipun, tuladha :

1. Dados Media komunikasi
Media komunikasi menika manfaatipun HP ingkang paling utami. Amargi HP menika didamel kangge memperlancar komunikasi saking tiyang setunggal dhumateng tiyang sanesipun. Kita mboten kedhah kepanggih bilih ajeng silaturahmi, cekap SMS utawi telepon kita saged paring kabar. Dhateng lare sekolah Hp saged kangge tanglet PR utawi antar jemput sekolah.

2. Dados Media edukasi
Saking HP, lare sekolah saged mendhet materisekolah kaliyan kawruh sanesipun amargi HP jaman menika saged koneksi kaliyan internet. Saking HP inggih saged pados pawarta- pawarta.

3. Dados Media hiburan
Hp wonten tahun 2010 menika sampun canggih sanget. Sampunsaged mirengaken MP3 kaliyan radio sarta saged ningali film kaliyan TV. Fasilitas menika saged dados hiburan bilih kita nembe kathah pikiran utawi nembe gadhah wekdal ingkang longgar. Fasilitas menika dados nilai tambah saking HP menika sanesipun dados media komunikasi.

4. Dados Media dokumentasi
HP ingkang enggal menika dipun pepaki kaliyan kamera. Ngangge kamera menika kita saged mendhet photo utawi video kangge ngabadiaken acara ingkang awrat kayata seminar utawi adicara ambal warsa.
Menika pidato kula bab kegunaanipun HP. Cekap semanten anggen kula matur wonten wekdal menika. Bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten seageng- agengipun.
Wassalamualaikum wr. wb

Konco-konco kabeh pidato iki among kanggo conto/tulada kanggo awake kabeh mugo dadio kawruh mligine basa jawa,,,,amargi ing jaman samangke dunia perkuliahan wus arang sanged kapethuk babagan-babagan puniki.....Salam taklim kawulo andi kurniawan

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...

0 komentar:

Posting Komentar